![]() |
KH. Adib Rofi'uddin Izza |
Di bawah ini adalah "inti" khutbah idul fitri yang disampaikan oleh Kiai Adib Rofiuddin Izza
Amma ba’du
Dumateng jamaah ingkang minulyo
Alhamdulillah, kelawan berkah saking arsyane Allah SWT
Dateng enjing meniko, dateng dinten meniko Kula panjenengan
sami taksih disukani berkah ingkang agung saking arsyane Allah SWT keranten dinten meniko kula
panjenengan sami saged menangi malih, kepanggih malih dateng setunggalipun
dinten ingkang dipun dimuliaken lan dipun agungaken inggih puniko yaumul idul
fitri.
Sampun ma’lum, yen Idul fitri niku salah setunggalipun
dinten ingkang dipunagungaken dipunmulyakaken, Saking agung lan mulyane yauma
idil fitri, Allah SWT merintahaken sedanten malaikat kang wonten teng langit
ken mudun dateng dunia sedanten kangge hormati lan mulyaaken umat kanjeng Nabi Muhammad
SWT ingkang sampun pungkas ngelampahi puasa selama sesasih penuh. Lan amalan ingkah paling saeh, ugi sampun ma’lum
kelawan Ngatah-ngatahaken takbir, tahmid dateng arsyane Allah SWT. Lan mboten kalah pentinge, saking takbir lan tahmid
dateng Allah SWT, dinten idul fitri ugi dintenipun maaf-maafan saling pangapura
antar umat manusia khususipun umat islam lan ummata rosulullah SAW.
Dateng setunggalipun hadits qudsi, Nabiyallah Musa AS
matur dateng arsyane Allah SWT
“Yaa Allah, sinten hamba panjenengan ingkang paling
mulya kang wonten dateng saduwure bumi?”
Allah SWT dawuh kelawan singkat “الذي قدر عفی”
(yaiku) tiang kang sanggup ngapura dateng dosa-dosanipun tiang sanes senejan tiang
sanes niku dzolimi dateng tiang wau.
Hadits lintun saking Allah SWT, ingkang dipun turunaken
dateng Rasulullah SAW
"Wonten tigang perkawis ingkang wonten dateng awake
menusa sedanten, yen menusa niki saged ngelampahi tiga perkawis angsal jaminan
lan perlindungan saking Allah SWT ugi angsal rahmate Allah SWT lan bade dipunlebetaken
dateng suwargane Allah SWT."
Tigang tiang wau sing pertama, ذا عطي شكر, sintene mawon tiang sing dipun sukani rezeki, dipun
sukani kenikmatan dateng arsyane Allah SWT, maka tiang niku ngelampahi syukuran
dateng arsyane Allah SWT, lan syukuran ingkang paling ageng inggih puniko
syukuran kula sampean kabeh dateng idul fitri, sasampune kula panjenengan sami
ngelampahii puasa selami tigangdasa dinten atanapi sangalikur dinten, dinten
niki kula nganaaken syukuran ingkang luar biasa, syukuran dateng arsyane Allah
SWT niku wonten tiga
Syukuran ingkang pertama, yen tiang niku angsal kenikmatan
assyukru billisan kelawan ngucapaken Alhamdulillahirrobil ‘alaamin
Ingkang nomer kalih, assyukru bilqolb, syukuran kang
wonten dalem ati artose Ningkataken amaliah-amaliah ingkang saeh, ningkataken
kualitas ibadah lan to’at dateng Allah SWT.
Ingkang nomer tiga, assyukru bil af’al, syukur
kelawan perbuatan, yen tiang niku angsal rezeki saking arsyane Allah SWT,
umpamane 100ewu, paling mboten 5ewu dinakaken ning wong sejen
Dawuhe Allah SWT dateng Nabiyallah Ibrahim AS, salam datang
syukurane Nabiyallah Ibrahim. . . .
شَاكِرًا لِأَنْعُمِهِ اجْتَبَاهُ وَهَدَاهُ إِلَى صِرَاطٍ
مُسْتَقِيمٍ (QS. An Nahl: 121)
Nabi Ibrahim iku terkenal kelawan laqob, kelawan
julukan Abu Dhoifan bapane tamu. Setiap Nabi Ibrahim bade dahar mesti ngilati tamu rumiyin,
nyuguh-nyuguhi, diberkahi dateng tamunipun merupakan bentuk syukuran saking
Nabiyallah Ibrahim AS.
Yen kula sampean kabeh angsal rezeki saking arsyane
Allah SWT upamane 50ewu paling mboten 2500 dipun nakakaken dateng tiang sejen
Dawuhe Rasululullah SAW, “man lam yaskurin nas, lam
yasykur lillah”, sapane wong sing bersyukur dateng menusa niku tandane wong
syukur dateng arsyane Allah SWT.
Dados tiang kang angsal kenikmatan saking Allah SWT
mboten cukup kelawan ucapan Alhamdulillahi Robbil ‘aalamiin, Al qur’an
dawuhaken “fa amma bini’mati robbika fahaddits”, yen sampean kabeh olih
kenikmatan saking Gusti Allah SWT, cerita ning wong sejen maksude kongkon
cerita iku nyambir blenak, isin, sawise cerita toli ngupaih ning wong sejen,
aja padu ceritae bae. Lah niki sing arane assyukru bil af’al.
Yen tiang niku ngelakoni assyukru bil lisan, assyukru
bil qolb, assyukru bil af’al, sempurna perilaku syukuran dateng arsyane Allah
SWT, “ . . . wa idzaa utiya syakaro . . .” niki jaminane angsal rohmat
lan suwargane Allah SWT
Ingkang nomer kalih, و اذا قدر غفر nalika kula sampean kabeh niki mampu saged nyukani pangapunten, nyukani maaf
dateng tiang sanes padahal kula sampean kabeh niki saged mboten nyukani maaf. Tiang
kang mampu, tiang kang kuasa, tiang kang dzolimi dateng kula sampean kabeh tapi
kula kabeh ngapura, iki ugi nomer kalih bakal angsal jaminan saking Allah SWT
Ingkang nomer tiga, و اذا غضب فتر mampu nahan emosi, mampu nahan nyewot, mboten diumbar nafsune, mboten diumbar
nyewote, nyewot billisan, bil af’al, atau bilqolb saged dipun tahan, yen saged
nahan tiga-tigae niki jaminane Allah SWT dawuhe kanjeng nabi “.. . wa
nashoro alaihi rohmatahu, wa adkholahu jannatahu”, insya Allah kula sampean
kabeh keranten yauma idil fitri saged ngelampahi tigang perkawis wau lan
mugi-mugi kula sampean kabeh kelawan saged ngelampahi tigang perkawis wau
angsal rohmate Allah lan angsal jaminan suwargae Allah SWT. Aamiin, yaa Robbal ‘aalaamiin.
Posting Komentar